Feature 3

Pilih Warna Latar BY Bregada Surf Fishing -Rakit -Pasang -Lempar -Tarik -Hasil

Subcribe And Share :

Twitter icon facebook icon Digg icon Technorati icon facebook icon Delicious icon More share social bookmark service

Jumat, 18 Mei 2012

Ngetan Ngulon Gubug Dowo



Sapa sing ora ngerti "Gubug Dowo" ing Pantai Depok. Gubug utawa diarani omah dowo iku panggonan kanggo para pemancing utawa wisatawan padha mancing, jajan lan mangan. Ora mung para pemancing nanging ugi wisatawan ana sing mampir jajan ing Gubug Dowo iku. 

Gubug Dowo iku kango media utawa alat ketemune para pemancing, umpaminipun dhumateng pas lagi ing griyo mbok bilih nembe mumet mergo garwanipun njolak njaluk jatah blonjo (ngekek) Ning Gubug Dowo iku kabeh padha kumpul ora ndelok status sosial ugi status ekonomi. Sugih mlarat, lanang wadon kabeh ngumpul ing siji panggon. 

Panganan seng dijajakke uga murah nanging nggawe marem weteng sing ngeleh. Saben dina`ne Gubug Dowo iku ora tau sepi, kejobo seng kagungan griyo nembe tindakan kondur menyang negaranipun (cekikik`an). Para pemancing ngumpul ora mung kanggo mancing lan jajan nanging kanggo ngobrol2, mboh seng di obroli bab bojo muring, putus cinta karo pacare lan sak teruse.


Topik sing di obrolke warna warna. Macem-macem tingkah polah para pemancing yen lagi ngumpul. Ana-ana wae sing di critake, dadi guyonan lan ugo bisa nambah pengetahuan. Sing maune ora kenal dadi kenal. Gubug Dowo iku sarane ketemuan ngumpul bareng, ora mung kanggo mancing, mangan, jajan nanging uga kanggo berbagi pengalaman seka obrolan-obrolan.

Monggo Mampir

Bregada Pasiraner - Surf Fishing
demo template blog and download free blogger template feature like magazine style, ads ready and seo friendly template blog
Intuk Cilik Ora Patek`en - Bregada Pasiraner - Crayon Shinchan

0 komentar: