Feature 3

Pilih Warna Latar BY Bregada Surf Fishing -Rakit -Pasang -Lempar -Tarik -Hasil

Subcribe And Share :

Twitter icon facebook icon Digg icon Technorati icon facebook icon Delicious icon More share social bookmark service

Feature 1

Senin, 14 Agustus 2017

Pos Mancing Pantai Pelangi

Pos Mancing Pak Min
Sapa sing ora ngerti "Warung Pak Min" Pantai Pelangi ( TPHL), iku panggonan kanggo para pemancing utawa wisatawan padha mancing, jajan lan mangan.
Ora mung para pemancing nanging ugi wisatawan ana sing mampir jajan ing warung Pak Min iku. 

Warung Pak Min iku kanggo media utawa alat ketemune para pemancing, umpaminipun dhumateng pas lagi ing griyo mbok bilih nembe mumet mergo garwanipun njolak njaluk jatah blonjo (ngekek) lajeng mlipir uncal.

Ning warung Pak Min iku kabeh padha kumpul ora ndelok status sosial ugi status ekonomi. Sugih mlarat, lanang wadon kabeh ngumpul ing siji panggon. Panganan seng dijajakke uga murah nanging nggawe marem weteng sing ngeleh.

Saben dina`ne warung Pak Min iku ora tau sepi, kejobo seng kagungan griyo nembe tindakan wonten peken utawi jagong manten (cekikik`an). Para pemancing ngumpul ora mung kanggo mancing lan jajan nanging kanggo ngobrol2, mboh seng di obroli bab bojo muring mergo njaluk iki kui, pedot katresnan pacare lan sak teruse. Topik sing di obrolke warna warna.

Macem-macem tingkah polah para pemancing yen lagi ngumpul. Ana-ana wae sing di critake, dadi guyonan lan ugo bisa nambah pengetahuan. Sing maune ora kenal dadi kenal. Warung Pak Min iku sarane ketemuan ngumpul bareng, ora mung kanggo mancing, mangan, jajan nanging uga kanggo berbagi pengalaman seka obrolan-obrolan.

Maturnuwun



.::!!!!!!!::.
C!! -- -- "-.
 "-...___o.+'
 <!>
./'L

Shinchan Pasiraner Jogja

Sponsor

Sports blogs Sports Blogs Fishing Japan's Top websites!

Shinchan Fishing

Feed

Subscribe

Enter your email address:

Delivered by FeedBurner

Label